Kaca:Kridha Basa 2.pdf/55

Kaca iki wis divalidasi

rengipun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma, utusan punika sampun ngantos boten angsal damel, kados utusanipun setaun kepengker.

 Utusanipun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma ingkang kapisan cabar, boten angsal damel. Wondéné jalaranipun, nalika nedheng-nedhengipun ramé mangsah yuda, tandhon tedha cawisanipun para prajurit Mataram telas gusis. Inggih awit ketelasan tedha punika, prajurit Mataram kathah ingkang lajeng tilar. Nadyan kala semanten Kumpeni sampun kethèthèran jalaran kathah prajuritipun ingkang sami tiwas, prajurit Mataram ingkang dipun pandhegani dening Tumenggung Sura Agul-agul, Kyai Adipati Mandurareja, saha Kyai Dipati Upasanta, kepeksa mundur, wangsul dhateng Mataram.

 Inggih awit wontenipun kawontenan ingkang njalari cabaripun utusan ingkang kapisan punika, prajurit utusan ingkang sapunika lajeng dipun cawisi sedhiyan tedha ingkang kathah, kasimpen ing lumbung-lumbung ing saurutipun pesisir lèr tanah Jawi Kilèn lan tanah Jawi Tengah, upaminipun ing Cirebon saha ing Tegal.

 Prajurit Mataram ngamuk, kitha Betawi dipun kepung, bètèng Holandia kénging karebat lan lajeng dipun risak. Nanging, kuciwa, gelaripun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma kejodhèran. Kumpeni ngertos bilih Sultan Agung. Anyakrakusuma yasa lumbung pantun wonten ing Cirebon saha ing Tegal. Kanthi sesidheman Kumpeni kintun telik sandi dhateng Cirebon saha dhateng Tegal, kinèn mbesmi gudhang pantunipun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma.

 Saèstu, lumbung pantun yasanipun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma kadenangan ing Kumpeni saha lajeng dipun besmi dados awu. Satemah prajurit Mataram ugi lajeng telas kekiyatanipun. Awit nyatanipun, prajurit punika badhéa sekti mandraguna, tatag, tangguh lan tanggon, menawi ketelasan tedha temtu lajeng loyo tanpa daya. Kanthi panandhang ingkang sakalangkung ngeres-eresi, prajurit Mataram ingkang taksih gesang wangsul dhateng Mataram. Pambudidayanipun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma cabar. Gegayuhanipun Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma nyingkiraken Kumpeni saking bumi Nusantara dèrèng pinarengaken ing Gusti Ingkang Murbèng Dumadi.

50