Kaca:Kridha Basa 2.pdf/56

Kaca iki wis divalidasi


B. Wangsulana kang patitis!

  1. Apa idham-idhamané Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma?
  2. Kepriyé pambudidayané Kanjeng Sultan Agung kanggo nggayuh idham-idhamané kuwi?
  3. Coba sebutna para tetungguling manggalayuda ing Mataram kang mandhégani prajurit Mataram utusané Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma!
  4. Ping pira Kanjeng Sultan Agung utusan nggecak Kumpeni ana ing Betawi?
  5. Généya pambudidayané Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma cabar?

C. Wacanen kang patitis, laguné sing trep!

  1. Upama siasaté Sultan Agung ora kasumurupan ing Kumpeni, Sultan Agung mesthi menang perangé.
  2. Upama kowé ngabari yén ora bisa teka, aku mesthi réné dhèk embèn-emben.
  3. Upama durung kebanjur kotawakaké Bulik, aku gelem nuku.
  4. Upama sida budhal wingi, ora wurung mesthi tlingsingan ana ndalan.
  5. Upama nèng SD biyèn ora nunggak, saiki aku wis klas telu.

II. Tuladha:

 Sing digethingi Sultan Agung kuwi wataké bangsa penjajah sing  srakah sarta ambek adigang, adigung lan adiguna.

 A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog sing
   cumawis ing ngisor!

   1. Ngendi ana penjajah wataké...paramarta, ... bawa leksana
   2. Sing lumrah penjajah kuwi wataké....
   3. Penjajah kuwi pancèn..., akal lan kapinterané kanggo nga-
    kali lan kanggo ngerèh bangsa liya....


51