Kaca:Kridha Basa 2.pdf/57

Kaca iki wis divalidasi
  1. Kowé kuwi pancèn.... sapa-sapa koapusi.
  2. Réwangé Ibu ditokaké amarga konangan wataké sing... dhemen ngunthet dhuwit blanjan pawon.
  1. slingkuh
  2. julig
  3. srakah

d. culika
e. adil
f. bèrbudi

B. Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!

  1. geleman
  2. tegelan
  3. mentalan
  4. mblubud
  5. panastèn
  6. daksiya

III. Tuladha:
Sultan Agung kalah amarga sedhiyané pangan konangan Kumpeni. Ukara kuwi jenengé ukara camboran kang kedadéyan saka ukara lamba loro cacahé, yaiku:

ukara kapisan  : Sultan Agung kalah
ukara kapindho : Sedhiyané pangan konangan Kumpeni

Gandhèngé ukara kapisan karo ukara kapindho mawa tembung panggandhèng amarga.
Dadiné ukara camboran, ukara kapindho (sedhiyané pangan konangan Kumpeni) dadi katrangané ukara kapisan (Sultan Agung kalah), yaiku katrangan kang mratélaké sabab, jenengé katrangan sabab.
Ukara-ukara camboran ing ngisor iki rampungna!

  1. Sardi ora munggah amarga ....
  2. Aku ora mlebu sekolah amarga...
  3. Sudir didukani Pak Guru amarga....
  4. Tekaku kasèp amarga.....
  5. Taun iki Bapak ora panèn amarga...
  6. Méméané ora garing amarga....

52