Kaca:Kridha Basa 2.pdf/58

Kaca iki wis divalidasi
  1. Aku ora sida ndhèrèk Bulik amarga...
  2. Baskara ditokaké saka sekolahan amarga...
  3. Wisnu kepeksa ditinggal kancané amarga...
  4. Keboné Bapak ora sida didol amarga...

IV. Alinéa kapisan wacan ing dhuwur tulisen nganggo aksara Jawa!

  Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma mbidhalaken prajurit
 Mataram nggecak Kumpeni wonten ing Betawi....
nganti tekan: ...., kados utusanipun ingkang kepengker.


V. Alinéa kapindho lan alinéa katelu wacan ing dhuwur owahana dadi ngoko alus!

 Wiwitana ngéné:

  Utusané Kanjeng Sultan Agung Anyakrakusuma kang
 kapisan cabar, ora éntuk gawé .... lan sapituruté.


VI. Wacanen kang patitis, banjur apalna ana ing ngarep klas!

Guritan Anyar

   Galo mitra, rungokna
   lamat-lamat swaraning kidung.
   Bisa temen gawé geter rasa
   ngosak-asik isining jantung.

   Ah, kiraku mitra
   dudu gumonthanging gambang kang ilang kabuncang
   utawa kethèring gendèr benthèting swara.
   Nanging getering rasa kadayan swasana
   wiramaning jiwa anut ing mangsa.

   Aku kayungyun mitra
   ngumbara katut uleming lagu
   ndedel nggayuh langit sap pitu
   Liwat méga kang putih malang
   tumuju lintang abyor ing tawang

53