Kaca:Kridha Basa 2.pdf/60

Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-9

I. A. Wacanen kang patitis!

Takwa marang Gusti Kang Murbèng Dumadi


Ikhsan : Mbah, badhé matur punapa kepareng?
Embah : Pareng baé, matur wé thik ora pareng.
Ikhsan : Ingkang kula kajengaken punapa Embah sela.
Embah : O, kuwi ta. Upama ora sela rak ya diselak-selakaké, wong putuné arep matur. Ngapa ta kok sajak wigati temen.
Ikhsan : Inggih, Mbah, pancèn wigatos sanget.
Embah : Piyé ta, piyé?
Ikhsan : Ngaten, Mbah. Kula sakanca punika dipun paringi garapan Pak Guru, dipun dhawuhi

55