Kaca:Kridha Basa 2.pdf/61

Kaca iki wis divalidasi


damel karangan cekak bab Ketakwaan terhadap Tuhan Yang Maha Esa.
Embah : Ya wis, gèk ndang diwiwiti!
Ikhsan : Lha punika, Mbah. Mila kula matur Embah punika jalaran kula dèrèng saged wiwit ngarang. Awit, tegesipun tembung takwa terhadap Tuhan Yang Maha Esa punika kémawon kula dèrèng ngertos
Embah : O, dadi, genahe kowe kuwi arep nyuwun priksa Embah bab maknane unèn-unèn kuwi, ngono pa piyé?
Ikhsan : Kesinggihan, Mbah. Menawi Embah sela kula nyuwun dipun terangaken prakawis punika.
Embah : Yoh, Nganggo basa Jawa tur ringkes baé, ya.
Ikhsan : Inggih, Mbah.
Embah : Ngéné. Aku, kowe, ibumu, bapakmu, adhimu, cekaké kabèh manungsa, kuwi titahing Gusti Allah, Gusti Kang Akarya Jagat. Manungsa dititahaké ana ing alam donya iki ora ijèn. Kancané akèh. Kéwan sawernaning kéwan, tetuwuhan sawernaning tetuwuhan, lan jagat saisine iki uga titahing Gusti Allah, dadi kanthiné manungsa urip ana ing alam donya. Padha-padha titahing Gusti Allah, manungsa kuwi titah sing luhur dhéwé. Nanging, manungsa uga bisa keplorot drajaté dadi titahing Gusti Allah sing asor lan nistha dhéwé. Bab kuwi gumantung marang pakartiné manungsa kuwi dhéwé.
Ikhsan : Wah, kula bingung, Mbah, boten mudheng.
Embah : Iya baé, wong durung dakjlentrehaké.
Liré ngéné. Manungsa dititahaké ana ing alam donya iki diparingi prabot arupa akal lan budi, sing ora diparingaké, marang titah-titah saliyané manungsa.
Kersané Gusti Kang Murbeng Dumadi, kanthi akal lan budiné kuwi, manungsa bisaa nata jagat saisiné iki.

56