Kaca:Kridha Basa 2.pdf/62

Kaca iki wis divalidasi


Ikhsan : O, ngaten, Mbah.
Embah : Hee. Lha, supaya kena kanggo praboting manungsa nata jagat saisiné, akal lan budi kuwi kudu tansah diasah. Tegesé, ora kena kendhat manungsa kudu tansah tegen lan mugen ngudi undhaking kawruh. Akal yèn tansah diasah dadi landhep, wong dadi sugih kawruh, sugih kapinteran, lan sugih akal. Déné budi, yèn tansah diasah njalari wong banjur kadunungan budi luhur. Lha ya kapinteran lan budi kang luhur kuwi sing dadi praboting manungsa nata jagat saisiné, kaya dhawuhing Gusti Allah. Dadi, ringkesé: wong sing ora kendhat tansah ngudi marang undhaking kawruh lan luhuring budiné kanggo mranata donya saisiné kaya kersané Sing Gawé Urip, ateges wong kuwi wis netepi dhawuhing Gusti Allah. Ya uwong sing kaya ngono kuwi sing kena diarani wong sing takwa marang Gusti Kang Murbèng Dumadi.
Ikhsan : Sapunika kula sampun radi mudheng, Mbah.
Embah : Sokur yèn wis mudheng.
Ikhsan : Punapa saged kula ringkes ngaten, Mbah? Tiyang ingkang takwa dhateng Gusti Allah punika tiyang ingkang tansah nindakaken dhawuhipun Gusti Allah, sarta tansah nebihi awi san saha pepacuhipun Gusti Ingkang Murbèng Dumadi
Embah : Pancèn lantip tenan kowé. Yèn ngono coba terangna, sapa sing klebu ewoné uwong sing ora takwa marang Gusti Kang Akarya Jagat.
Ikhsan : Wah, nyuwun pangapunten, Mbah, kula boten saged.
Embah : Ha ya dicoba, no.
Ikhsan : Menawi klèntu nyuwun dipun leresaken inggih, Mbah.
Embah : Yoh.
Ikhsan : Tiyang ingkang boten takwa dhateng Ingkang

57