Kaca:Kridha Basa 2.pdf/63

Kaca iki wis divalidasi


Maha Kuwaos punika tiyang ingkang tansah damel risak. Akal lan budinipun boten kanggé nindakaken dhawuhing Gusti Allah nata donya saisinipun, nanging malah kanggé nga kali tiyang sanès, kanggé ngrisak pranataning negari, kanggé nerak angger-anggering Gusti Allah. Akal lan budinipun boten kanggé nggayuh kaluhuran, katentreman saha kamul yaning gesang, nanging malah kanggé ngga yuh bab-bab ingkang saestu dados awisanipun Gusti Allah. Punapa ngaten, Mbah.
Embah : Yèn ora klèru, kurang luwihé ya ngono kuwi. Sing mesthi, wong sing kaya ngono kuwi selawasé urip ora bakal bisa ngunjukaké rasa syukur marang Gusti Kang Maha Murah tumrap sakabèhing peparing lan kamurahané
Ikhsan : Kala wau Embah ngendika bilih manungsa punika luhur-luhuring tumitah, nanging ugi saged keplorot drajatipun dados asor-asoring tumitah. Punika kados pundi, Mbah, liripun?
Embah : Diarani luhur-luhuring titah yèn manungsa kuwi tansah takwa marang Gusti Kang Akarya Jagat, lan keplorot dadi asor-asoring titah yèn manungsa kuwi ora gelem takwa marang Gusti Kang Murbèng Dumadi. Piyé, rak wis mudheng ta? Yèn wis mudheng enggal garapen dhawuhe bapak gurumu kuwi.
Ikhsan : Inggih, Mbah, kula sampun mudheng. Kula énggal badhé wiwit ngarang.

B. Wangsulana kang patitis!

  1. Ikhsan didhawuhi apa karo bapak guruné?
  2. Généya Ikhsan ora énggal wiwit ngarang?
  3. Urip ana ing alam donya, manungsa diparingi prabot apa karo Gusti Allah?
  4. Kersané Gusti Allah, manungsa dititahaké ana ing alam donya didhawuhi apa?