Kaca:Kridha Basa 2.pdf/67

Kaca iki wis divalidasi

V. Tuladha:

  1. Muga-muga Gusti Kang Maha Asih paring katentreman lan pangayoman. (ukara ngoko alus)
  2. Mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Asih paring katentreman lan pangayoman. (ukara krama alus)

A. Mara ukara-ukara ngoko alus ing ngisor iki owahana dadi krama alus!

  1. Bulik tindak Kedhiri, sowan Embah karo sisan gawé tilik Dhik Andri.
  2. Budhé mundhut sarung, arep diparingaké Mas Bawa.
  3. Omah sungsun cèté wungu kaé dalemé Pak Wito.
  4. Sédhan putih sing diparkir ana ngiringan omah kaé kagungané Pak Parto.
  5. Bubar sembahyang subuh, Bapak tindak-tindak karo Ibu.

B. Gawéa ukara, ngoko alus nganggo tembung-tembung ing ngisor iki,
  banjur owahana dadi ukara krama alus!

  1. siram
  2. saré
  3. wungu
  4. ngunjuk
  5. dhahar
  6. rawuh
  7. ngendika
  8. tindak
  9. lenggahan
  10. muwun

VI. Pacelathon ing dhuwur apalna banjur tindakna karo kancamu ana ing ngarep klas!

62