Kaca:Kridha Basa 2.pdf/68

Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-10

I. A. Wacanen batin!

Balé Sigalagala

 Wongsal-wangsul Sata Kurawa namakaken rékadaya murih sirnanipun kadang Pandhawa. Nanging, Pandhawa tansah pinayungan ing kamirahaning Bathara, lepat saking paékanipun kadang-kadang nakndhèrèkipun punika.

 Rumaos katelasan cara anggènipun badhé nyirnakaken sadhèrèkipun nem, ing satunggaling dinten Duryudana sowan marak wonten ing ngarsanipun ingkang rama, Prabu Drestarasta. Aturipun Duryudana, "Dhuh, Kanjeng Rama, jejimat kula, pepundhèn kula. Gotèking ngakathah, para kawula ing Astina badhé sowan marak wonten ing ngarsanipun Kanjeng Rama,

63