Kaca:Kridha Basa 2.pdf/7

Kaca iki wis divalidasi


Agung : Hee. Oraa juwara. ning mbokya katut sepuluh besar. Ora ajeg pethit kaya sing uwis-uwis.
Asih : Gampang, Dhik. Takkandhani ya!
Agung : Iya, Mbak
Asih : Sing wigati, wong sinau kuwi ora mung angger maca.
Agung : Lha terus piyé. Mbak?
Asih : Yèn mung waton maca, janji ora wuta sastra, ora buta huruf, angger uwong mesthi bisa. Wong sinau kuwi karepé rak karebèn apal, mudheng. cemanthèl, lan bisa nindakaké isiné sing disinau, ta? Iya ora?
Agung : Hee, Mbak. Ning...
Asih : Ning piyé?
Agung : Ya nggon karebèn apal, mudheng, lan cemanthèl kuwi sing-angèl.
Asih : Supaya gampang apal. mudheng, lan cemanthèl olèhmu maca kudu bola-bali,tur pirang-pirang rambahan
Agung : Bola-bali,tur pirang-pirang rambahan ki piyé ta, Mbak, karepé?
Asih : Ngéné. Upamané, dina iki kowaca pindho, sesuk. kowaca manèh pindho, lan bésuk embèn kowaca pindho manèh, Kuwi jenengé kowaca pindho, telung rambahan. Kuwi éntuk-éntukané béda banget karo yèn kowaca ping nem ning mung sarambahan. Wis mudheng ta, Dhik?
Agung : Wis, aku wis mudheng. Terus piyé, Mbak?
Asih : Kajaba kudu kowaca bola-bali tur marambah-rambah, yèn wulangan mau ana gambaré, upamané gambar kar utawa pela, gambar kuwi kudu kotamataké sing tenan.
Agung : Bèn apa, Mbak?
Asih : Padhané kaé lho, Dhik, Yèn kowé kenalan karo uwong, yèn kowé weruh wongé tur ketemuné bola-bali, mesthi gampang kêlingan. Nanging yèn ketemumu arang-arang, saya yèn mung sepisan ji, kowé mesthi pampang pangling.

2