Kaca:Kridha Basa 2.pdf/70

Kaca iki wis divalidasi

munjuk atur prakawis wisudhanipun Adhimas Yudhisthira jumeneng nata ing Astina, nggentosi kalenggahanipun Paman Prabu Pandhudéwanata, jer samangké pun adhi kadang Pandhawa sampun sami ngancik diwasa. Menawi gotèking ngakathah punika kepara nyata, lajeng kados pundi kawontenan kula sakadang mangké. Boten sandé, kula dalah kadang Kurawa sedaya badhé dados rèh-rèhanipun kadang Pandhawa. Pramila awit saking punika, mugi wontena keparengipun Kanjeng Rama, kadang Pandhawa badhé kula sirnakaken kémawon."

 Midhanget aturipun ingkang putra, Prabu Dresțarasta sakala njegreg pindha tugu sinukarta, sapandurat boten saged paring pangandika. Sasampunipun sarèh sawatawis, Prabu Drestarasta saweg kepareng paring wangsulan. Prabu Drestarasta satuhu boten nyondhongi panyuwunipun ingkang putra, awit pepénginan punika saèstu nalisir saking anggering kautamèn saha nyimpang saking darmaning satriya tama.

 Duryudana sakadang boten mundur sapecak. Kanthi sesidheman Duryudana utusan abdi pinitados, kadhawuhan yasa balé pasanggrahan wonten ing dhusun Waranawata, dhusun ingkang asri ingkang mapanipun wonten ing sukuning redi ing sacelaking wana. Balé punika ingkang dipun damel deling petung ingkang ing nglebetipun dipun iseni damar. Mila katelah nama balé sigalagala, tegesipun balé ingkang isinipun gala.

 Sasampunipun balé punika dados, kanthi ulat manis saha tetembungan manuhara, Duryudana dhawuh dhateng ingkang rayi, Yudhisthira sakadang, kinèn ameng-ameng dhateng dhusun-ngadhusun, saperlu pados indhaking seserepan, minangka sangunipun anggénipun ing bénjing jumeneng nata ing Astinapura. Amrih saged pana nguningani watak-wantunipun kawula alit ing padhusunan, kadang Pandhawa kadhawuhan masanggrah ing balé pasanggrahan, ing sawatawis wekdal.

 Pandhawa boten gadhah raos sanggarunggi dhateng pangandikanipun kadang sepuhipun. Sasampunipun siyaga ing sedayanipun, punapa déné malih sampun nyuwun pamit dalah nyuwun pangestu dhateng ingkang uwa Prabu Drestarasta, dhateng ingkang paman Arya Yamawidura, dalah dhateng ingkang éyang Resi Wara Bisma, Pandhawa dalah ingkang ibu Dewi

64