Kaca:Kridha Basa 2.pdf/71

Kaca iki wis divalidasi

Kunthi bidhal lelana brata. Kanggé samudana, Suyudana utusan ingkang abdi, Purocana, kinèn ndhèrèkaken tindakipun ing kang rayi kadang Pandhawa, miwah kadhawuhan ngladosi dhaharipun.

 Ing satunggaling dinten, nalika kadang Pandhawa saweg ngaso wonten ing balé pasanggrahan, wonten utusanipun ing kang paman Arya Yamawidura, nama Kanana, sowan marak. Aturipun Kanana, kadang Pandhawa kinen ngatos-atos, awit mangke ing malem tanggal 14 wulan punika Purocana kadhawuhan mbesmi balé pasanggrahan ing kalanipun kadang Pandhawa dalah ingkang ibu nedheng-nedhengipun saré. Nanging, kasuwun Pandhawa boten perlu kuwatos. Awit, Kanana badhé yasa trowongan sinandi, kanggé marginipun kadang Pandhawa lolos saking balé pasanggrahan punika.

 Ing dinten ingkang dipun temtokaken, Pandhawa ngajak kembul dhahar sesarengan kaliyan Purocana. Purocana ical kaprayitnanipun, anggenipun nedha keladuk kathah, malah nganggé minum inuman keras, njalari lan mendemipun. Purocana mendem, ngalumpruk pindha yaksa pejah. Ing nalika punika Pandhawa lajeng mbesmi balé pasanggrahan. Nalika latu murub ngalad-alad, Bima, panenggaking Pandhawa, mbopong sedhèrèk-sedhèrèk dalah ingkang ibu, kabekta mlajeng medal nurut trowongan sinandi, njedhul-njedhul sampun wonten ing satengahing wana. Pandhawa wilujeng, lepat saking paékanipun ingkang raka, Duryudana.

 Kacariyos ing nagari Astina. Midhanget aturipun kawula ing padhusunan bab balé pasanggrahan ingkang kabesmi ing wanci dalu, Prabu Drestarasta dalah Resi Wara Bisma sakalangkung sungkawa ing galih ngantos boten saged ngampet. wedaling waspa. Namung Arya Yamawidura ingkang gumujeng ing batos, awit mangertos ingkang sejatosipun kedadosan ing Waranawata. Déné Suyudana dalah rayi-rayinipun bingah-bingah awit rumaos ical klilipipun.

B. Wangsulana kang patitis!

 1. Pandhawa karo Kurawa kuwi keprenah apa?

 2. Sasédané ingkang rama, généya Yudhisthira ora tumuli nggentèni jumeneng ratu?

65