Kaca:Kridha Basa 2.pdf/72

Kaca iki wis divalidasi
  1. Généya Suyudana tansah maéka kepéngin nyirnakaké Pandhawa?
  2. Apa pepénginané Suyudana kuwi disarujuki ramané?
  3. Crita Balé Sigalagala kuwi ngemu pitutur apa?

II. A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog sing cumawis ing ngisor!

  1. Rakyat lan para punggawa désa padha klumpukan ana ing ngrembug .... prakara "listrik masuk desa".
  2. Pesakitan mau diarak menyang ngenteni putusaning pradata.
  3. Paribasan "kéré munggah ing ...," tegesé wong asor didadèkaké luhur.
  4. Ing tengahing blumbang (tlagan) ana omahé, jenengé....
  5. Dhasaré pancen resikan, ketara anggoné nata ... disawang sarwa ngresepaké.
    1. balé omah
    2. balé kambang
    3. balé desa
    4. balé
    5. balé mangu

B. Balé kuwi tegesé werna-werna. Bisa ateges panggonan, omah, pendhapa,
  lan uga bisa ateges ambèn.
  Mara gawéa ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki sing
  umumé ngemu teges papan, omah, utawa panggonan!

  1. cakruk
  2. gréja
  3. langgar
  4. pura
  5. lumbung
  6. gubug
  7. panggung
  8. warung
  9. pasanggrahan
  10. hotel

66