Kaca:Kridha Basa 2.pdf/73

Kaca iki wis divalidasi


III. Tuladha:

  Purocana turu kepati. (ukara lamba)
  Pasanggrahan kuwi diobong. (ukara lamba)
Nalika Purocana turu kepati, pasanggrahan kuwi diobong. (ukara camboran)
  Pasanggrahan kuwi diobong nalika Purocana turu kepati. (ukara camboran)
  Nalika = tembung panggandhèng

Gawea ukara camboran nganggo tembung-tembung panggandhèng ing ngisor iki!

  1. sawisé
  2. sadurungé
  3. nalika
  4. sarèhné
  5. amarga

  1. supaya
  2. mula
  3. angger
  4. utawa
  5. déné

IV. Tulisen nganggo aksara Jawa!

    Kacariyos ing nagari Astina. Midhanget aturipun kawula ing padhusunan bab balé pasanggrahan ingkang kabesmi ing wanci tengah dalu,
  Prabu Drestarasta dalah Resi Wara Bisma sakalangkung sungkawa ing galih temah boten saged ngampet wedaling waspa. Namung Arya Widura
  ingkang ing batos gumujeng awit wuninga punapa ingkang kedadosan ing Waranawata ing saleresipun. Déné Duryudana dalah rayi-rayinipun
  sami bingah-bingah jalaran rumaos ical klilipipun.

V. Wacanen sing patitis laguné sing trep, banjur apalna!

Janturan Jejer ing Nagari Dwarawati

    Swuh rep data pitana, anenggih nagari pundi ingkang kaéka adi dasa purwa. Eka sawiji adi luwih dasa sepuluh purwa kawitan.
  Sanadyan kathah titahing déwa ingkang kasongan ing akasa kasangga ing pretiwi kaapit ing samodra, kathah ingkang sami anggana raras,
  boten wonten kados nagari Dwarawati ya Dwaraka ingkang pantes kinarya bebukaning carita. Mila kinarya bebuka, ngupayaa nagari

67