Kaca:Kridha Basa 2.pdf/75

Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-11

I. A. Wacanen kang patitis!

Gugur Gunung


Sidik : Pak, kala wau Pak Kepala Dhukuh tindak mriki.
Bapak : Jam pira?
Sidik : Saweg kemawon. Watawis setengahan jam.
Bapak : Sajaké ana kersa apa?
Sidik : Anu, Pak. Ngendikanipun Pak Dhukuh wonten

dhawuh saking klurahan bilih bénjing énjing war- ga dhukuh Brangkal tampi giliran gugur gunung.

Bapak : Sesuk ésuk?
Sidik : Inggih, Pak. Nglempak wonten dalemipun Pak

Dhukuh pukul nem, dipun dhawuhi ngasta pra- bot.

69