Kaca:Kridha Basa 2.pdf/76

Kaca iki wis divalidasi


Bapak : Jam nem? Apa ora kesuken?

Wah, pancèn mesakake. Saben mangsa rendheng mesthi dhadhal.

Sidik : Tanggul Lepèn Dengkèng, Pak?
Bapak : Hee. Saben mangsa rendheng mesthi dhadhal.
Sidik : Inggih, Pak. Sekolahan kula ugi sampun tampi dhawuh saking Kecamatan, laré-laré kadhawuhan mbekta karung plastik. Laré setunggal sekedhikipun kadhawuhan mbekta setunggal.
Bapak : Kowe ya wis numpuk?
Sidik : Sampun. Kala wingi kula numpuk kalih, ingkang maringi Ibu.
Bapak : Sokur yen wis numpuk.

Pokoké yèn ana yèn ana dhawuh apa bae sing ana gandheng cènèngé karo bab tetulung kuwi sing cekat-ceket. Aja direndhe-rendhé, selak mesakaké.

Sidik : Inggih, Pak. Dinten punika wau ing sekolahan kula sampun nglempak karung watawis wolung atusan lembar. Kaliyan kanca Pengurus OSIS lajeng dipun caosaken dhateng Kecamatan.
Bapak : Wah, ya akèh kuwi. Mesthiné karung kuwi sesuk rak wis tekan panggonané Bapak gugur gunung

kuwi.

Sidik : Mesthinipun ngaten, Pak.
Bapak : Karung kuwi sésuk diisèni wedhi, banjur ditata kanggo nambal tanggul sing jebol kuwi.

Mesakaké wong-wong desa Padhas sing padha manggon ing sakiwatengené Kali Dengkèng kuwi. Angger ngancik mangsa rendheng atine ora jenjem, tansah melang-melang.

Sidik : Tujunipun warga dhusun sanesipun sami enthengan inggih, Pak. Uger wonten tanggul dhadhal lajeng tumuli sami cancut gugur gunung.
Bapak : Kuwi wis dadi wataké bangsane dhewe. Dhemen tetulung marang sapa bae sing perlu diwènèhi pitulungan. Panandhange wong liya, anggepé ya panandhange dhéwe. Wong liya susah, mèlu susah. Wong liya kasangsaran, enggal-enggal