Kaca:Kridha Basa 2.pdf/77

Kaca iki wis divalidasi


urun bau suku, iguh pratikel, utawa apa baé sing dhèwèké keconggah, kanggo ngènthèng-ènthèngi wong sing nandhang kasangsaran kuwi.
Sidik : Bénjing Minggu pukul sanga kanca-kanca Pramuka panggénan kula ugi badhe gugur gunung dhateng Padhas, Pak Bokmenawi taksih wonten bab-bab ingkang perlu dipun réncang-réncangi ngleresaken.
Bapak : Ya sokur, yèn bocah-bocah wis gelem mikir sing nganti tekan semono.
Sidik : Inggih, Pak.


B. Wangsulana kang patitis!

  1. Saka klurahan ana dhawuh apa?
  2. Sapa sing nekakaké dhawuh saka klurahan?
  3. Warga Dhukuh Brangkal éntuk giliran gugur gunung menyang ngendi?
  4. Ana ing sekolahan Sidik tampa dhawuh apa saka kecamatan?
  5. Karung plastik kuwi arep kanggo apa?
  6. Piyé tangkepé wong Indonesia marang wong-wong kang padha nandhang kasangsaran?

C. Wacanen kang patitis!

  1. a. Sing rubung-rubung kaé sapa?
    b. O, kaé wong gugur gunung ndandani tanggul.
  2. a. Sing gugur gunung wong pira?
    b. Kira-kira wong sewidak.
  3. a. Tanggul kuwi kapan anggoné dhadhal?
    b. Dhèk malem Jumuwah Kliwon, nalika ana udan deres kaé.
  4. a. Sing padha arep gugur gunung padha nggawa apa?
    b. Sing padha arep gugur gunung padha nggawa piranti rupa-rupa, ana sing nggawa pacul, ana sing nggawa arit, ana sing nggawa linggis, lan liya-liyané.
  5. a. Wong-wong sing padha gugur.gunung diopahi pira?
    b. Wong-wong kuwi ora padha diopahi, wong jenengé baé gugur gunung.

71