Kaca:Kridha Basa 2.pdf/78

Kaca iki wis divalidasi

II. A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog,sing cumawis ing ngisor!

  1. Ing upacara sekaten...kuwi diarak menyang mesjid binarung unining gendhing.
  2. Ali-aliné awangun...
  3. Wong-wong padha ... ndandani pager pasaréyan.
  4. Wayah... lakuku sakanca wis tekan ing pos kang púngkasan.
  5. Repin kae wis suwé manggon ing kutha, nanging nyandhang nganggo lan solah tingkahe isih...
  6. Ing tanah Jawa akèh... sing wis ora tau njeblug manèh.
  7. Hawa ing ... kuwi adhem, mula cocog banget kanggo papan palereban.
  8. Gambar kae yen disawang saka kadohan éndah ngresepaké nanging yen dicedhaki njuwarehi.



  1. sri gunung
  2. gunungan
  3. gunung sipikul
  4. pegunungan


  1. gunung geni
  2. gugur gunung
  3. nggunungi
  4. tunggang gunung




B. Paribasan-paribasan iki terangna tegesé!

  1. Kerubuhan gunung.
  2. Kejugrugan gunung menyan (kembang).
  3. Ketépang ngrangsang gunung.
  4. Dieletana gunung sap pitu.
  5. Ngontragaké gunung.


III. Tuladha:

  Yèn budhal jam nem apa ora késuken.
Tembung "késuken" kuwi jenengé tembung rimbag adiguna.
  Asalé saka tembung lingga ésuk oleh ater-ater ke lan panambang en. Tembung rimbag adiguna kuwi

  ngemu teges luwih saka ukuran sing samesthine. Dadi, tembung "kesuken" tegesé ésuké ngungkuli ukurane wong mangkat gugur gunung.

72