Kaca:Kridha Basa 2.pdf/79

Kaca iki wis divalidasi

Mara tembung-tembung: rimbag adiguna ing ngisor iki gawenen ukara sing luwes:

  1. keciliken
  2. kedhuwuren
  3. kedawan
  4. kegedhen
  5. kejeron
  6. kewengèn
  7. kepanasen
  8. keciyuten

Kajaba tembung rimbag adiguna, ana tembung rimbag guna. yaiku, tembung lingga sing entuk panambang en kang ngemu surasa kadunungan kaanan utawa nandhang kang kasebut ing linggane. Umpamane kaya kang tinemu ing ukara iki:
Saking wedine nganti dhengkelen, arep mlayu oora bisa.
Mara tembung-tembung rimbag guna ing ngisor iki gawenen ukara sing luwes!

  1. singunen
  2. wudunen
  3. beleken
  4. kukulen
  5. panunen
  6. kringeten
  7. gudhigen
  8. tom-tomen

IV. Tuladha:

  Dhemen tetulung kuwi wis dadi wataké bangsané dhéwé,
bangsa Indonesia,

  bangsa = ꦧꦺꦴꦁꦱ

  bangsane = ꦧꦁꦱꦤꦺ

73