Kaca:Kridha Basa 2.pdf/80

Kaca iki wis divalidasi

Tulisen nganggo aksara Jawa kaya tuladha ing dhuwur!

  1. a. tangga
    b. tanggané
  2. a. nangka
    b. nangkané
  3. a. andha
    b. andhané
  4. a. kandha
    b. kandhané
  5. a. tamba
    b. tambane
  6. a. tampa
    b. tampané
  7. a. kanca
    b. kancané
  8. a. ganja
    b. ganjané

V. Tuladha:

    a. Bapak ngasta pacul, badhé gugur gunung ndandosi tanggul. (ukara krama alus)
    b. Bapak ngasta pacul, arep gugur gunung ndandani tanggul. (ukara ngoko alus)

Mara ukara-ukara krama alus ing ngisor iki owahana dadi ukara ngoko alus kaya tuladha ing dhuwur!

  1. Ngendikanipun Pak Dhukuh, benjing énjing warga Dhukuh Brangkal tampi giliran gugur gunung.
  2. Kula ugi sampun tampi dhawuh saking kecamatan.
  3. Nglempakipun wonten ing dalemipun Pak Dhukuh, kirang langkung pukul nem.
  4. Bapak ngendika bilih gotong royong punika sampun dados watakipun bangsa Indonesia.
  5. Nalika Pak Dhukuh rawuh ingkang wonten nggriya namung kula piyambak.

74