Kaca:Kridha Basa 2.pdf/81

Kaca iki wis divalidasi
  1. Pak Dhukuh boten kersa ngentosi konduripun Bapak.
  2. Pak Camat boten namung njenengi, nanging ugi tumandang sesarengan para warga dhusun.
  3. Ingkang sami gugur gunung dèrèng sami wangsul, Pak Bupati rawuh ngasta nyamikan kanggé para ingkang sami gugur gunung punika.

VI. Wacanen kang patitis, banjur tembangna bebarengan!

Modèrnisasi Désa
(Pelog pathet nem)

Ayo ayo kanca tilingena kanca piyarsakna
énggal katindakna
Désa kuwi wit kuna wis mesthi tansah dadi objèk ning saiki
ganti
Modèrnisasi désa pembangunan bangsa ya tegesé kuwi ca
kudu dadi subjèk mèlu nemtokaké
ing bab politik ékonomi lan sosial
lan kabudayan duwé oto aktipitas
mrih kang tundoné kanggo mbrastha pengangguran
Modèrnisasi désa, modèrnisasi désa
Modèrnisasi désa se-Indonésia.

75