Kaca:Kridha Basa 2.pdf/83

Kaca iki wis divalidasi

angsal pitulungan. Kosok wangsulipun, ugi boten sekedhik kurbaning kacilakan ingkang nandhang tatu awrat nanging boten ngantos tiwas jalaran énggal angsal pitulungan.

 Pos PPPK punika ingkang ngedegaken bebadan utawi kempalan, namanipun Palang Merah Indonesia kacekak PMI. Mila, Pos PPPK punika ugi nganggé lambangipun PMI, inggih punika palang warni abrit ing sanginggilipun dhasar warni pethak.

 Palang Merah Indonesia utawi PMI punika punapa?
 Palang Merah Indonesia punika bebadan utawi kempalan ingkang ngayahi pakaryan prakawis kamanungsan, prakawis tetulung dhateng sesami. Ing mangsa perang, Palang Merah Indonesia tetulung dhateng para prajurit ing paprangan ingkang sami nandhang tatu. Ing salebetipun tetulung punika, PMI boten mbédak-mbédakaken antawisipun prajuriting mengsah lan prajuritipun bangsa piyambak.

 Sapunika sampun boten wonten perang: Sapunika PMI tetulung dhateng soksintena ingkang nandhang ribed utawi kasangsaran jalaran wontenipun paceklik, pagebluk, pagering, utawi wonten bencana alam. Ing salebetipun tetulung, PMI boten mbédak-mbédakaken bangsa, agami, punapa déné kapitadosanipun ingkang dipun pitulungi.

 Yektosipun, ing negari-negari sanès ugi wonten kempalan. Palang Merah, kados déné Palang Merah Indonesia ing Indonesia punika. Wondéné mula bukanipun wonten kempalan Palang Merah punika cariyosipun mekaten.

 Ing negari Swis wonten nèm-nèman nama Henri Dunant. Tiyang sepuhipun Henri Dunant punika sudagar sugih. Kajawi bandha, Henri Dunant tampi warisan saking tiyang sepuhipun arupi watak remen tetulung dhateng sesami. Ing satunggaling dinten Henri Dunant kekésahan ngurus barang daganganipun. Lampahipun Henri Dunant nglangkungi papan tilas ajanging paprangan. Ing ngriku Henri Dunant mireng swara pating glereng saha swara pisambatipun tiyang nedha tulung. Sareng dipun tilingaken lan dipun celaki tetéla ingkang sambat-sambat nedha tulung punika prajurit ingkang nandhang tatu ingkang katilar ing kancanipun. Sok ugi, prajurit-prajurit punika dipun kinten ing kancanipun sampun dumugi ing tiwas. Sumerep

77