Kaca:Kridha Basa 2.pdf/84

Kaca iki wis divalidasi

kedadosan ingkang ngeres-eresi punika, Henri Dunant lajeng nglempakaken tetiyang ing sakiwatengenipun tilas ajanging paprangan punika. Tiyang-tiyang punika, jaler estri ageng alit, ensem sepuh sedaya kapurih nulungi para prajurit ingkang sesambat punika. Awit wontenipun pitulungan punika, kathah prajurit ingkang lajeng luwar saking panandhang.

 Wangsul dhateng negarinipun, Henri Dunant lajeng adaada ngedegaken kempalan ingkang ancasipun tetulung dhateng sesami ingkang nandhang kasangsaran. Salajengipun Henri Dunant lajeng ajak-ajak bangsa sanès ngedegaken bebadan ingkang ancasipun tetulung dhateng sesami punika. Ada-adanipun Henri Dunant dipun sarujuki bangsa-bangsa sanés ingkang sami -ngawontenaken saraséhan ing kitha Jenewa. Kanggé ngémut-émut saha kanggé mahargya ada-adanipun Henri Dunant saha bangsa Swis punika, kempalan wau migunakaken lambang palang warni abrit tumumpang ing dhasar warni pethak, walikanipun gendéranipun bangsa Swis, inggih punika palang warni pethak ingkang tumumpang ing dhasar warni abrit.

B. Wangsulana kang patitis!

  1. PMI kuwi cekakané tembung apa?
  2. Apa ancasé PMI?
  3. Généya PMI ngedegaké pos-pos PPPK ing sauruting dalan gedhé?
  4. Saben taun PMI nganakaké Bulan Dana PMI. Ing sajrone Bulan Dana PMI kuwi PMI nglumpukaké sumbangan saka para dermawan. Sumbangan kuwi kanggo apa?
  5. Sapa sing pantes sinebut dadi bapaké Palang Merah lan Palang Merah Indonesia?
  6. Saka wong tuwané, Henri Dunant warisan apa?
  7. Warisan sing endi sing njalari Henri Dunant dadi kondhang ing saindenging bawana?

78