Kaca:Kridha Basa 2.pdf/86

Kaca iki wis divalidasi

Tembung-tembung njero kurung ing iki rimbagen dwipurwa, dwilingga, utawa dwiwasana kaya tuladha ing dhuwur!

  1. Bebasan (kudhung) lulang macan, tegesé nganggo jenengé panggedhé utawa wong kang kuwasa.
  2. Olèhé (sumbar) kaya bisa-bisaa mutung wesi gligen.
  3. Kurang sesasi anggoné duwé gawé, dhèwèké wis (cawis) kebutuhané wong (mantu).
  4. Swara (gereng) kuwi swarané para prajurit, padha (sambat) njaluk tulung.
  5. Kowé kok isih (takon) baé, apa durung-mudheng?
  6. Awaké kuru, sadhangané (comprèng).
  7. (adoh) dakgoléki, bareng ketemu jebul nambuhi.
  8. Nangis sekésuk ora (meneng), (meneng) bareng dicekeli dhuwit.
  9. Kéné, (lungguh) kéné, dakcritani lelakonku dhèk wingi wingi.
  10. Sapa sing geguyon pating (cekak) kaé?

B. Tuladha:
 1. Aja dhemen kekudhung lulang macan.
  kekudhung = nganggo kudhung
 2. Adoh-adoh dakgolèki, bateng ketemu jebul nambuhi.
  adoh-adoh = sanajan adoh

Mara tembung-tembung dwipurwa lan tembung-tembung dwilingga ing ngisor iki terangna tegesé, kaya tuladha ing dhuwur!

  1. Pitikku lemu-lemu tur waras-waras.
  2. Gambar iki, ala-ala gambaranku dhéwé,
  3. Nyai Madurasa kuwi lelurahé para juru masak.
  4. Sugih-sugihé wong ing désaku kuwi Pak Pujahartana.
  5. Wani-waniku rong atus éwu. punjul saka kuwi aku ora wani.
  6. Kowé kok ora mangkat-mangkat kuwi ngentèni apa?
  7. Pituturmu kuwi bisa mbirat pepetenging atiku.
  8. Kowé kok ongap-angop baé, lara apa ngantuk?

80