Kaca:Kridha Basa 2.pdf/87

Kaca iki wis divalidasi

IV. Pethikan ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!

 Wangsul dhateng negaripun, Henri Dunant lajeng ngedegaken kempalan ingkang ancasipun tetulung dhateng sesami ingkang nandhang papa. Salajengipun, Henri Dunant lajeng ajak-ajak bangsa sanès ngadegakeun babadan ingkang ancasipun tetulung dhateng sesami punika. Ada-adanipun Henri Dunant punika dipun sarujuki bangsa-bangsa sanès ingkang sami ngawotenanken sareséhan ing kitha Jenewa.

V. Tuladha:

  1. Kotulungana ora-orané ketrima, wong dhèwèkè kuwi ora nitèni kabecikaning liyan.
    kotulungana = sanajan kotulungi
  2. Rong dina iki teranga ya, karebèn tamu-tamuné Bapak mengko ora kodanan.
    teranga = muga-muga terang
  3. Muliha wingi, aku isih menangi sugengé Simbah.
    muliha = upama mulih

Tembung-tembung sambawa ing ngisor iki terangna tegesé, kaya tuladha ing dhuwur!

  1. Adusa yén ora sabunan mangsa resika.
  2. Dakparanana ésuk mau, saiki wis kena dakenggo.
  3. Tekan kana mengko aku ketemua Pakdhé ya, aku arep matur werna-werna.
  4. Kopakanana yèn ora kocepaki banyu, sida mati tenan pitikmu mengko.
  5. Pintera yèn nakal mangsa disenangana kanca.
  6. Duwéna dhuwit, kowé mesthi dakuruni.
  7. Ngertia yèn kowé arep rana, aku ora réné.
  8. Kepethuka nyang dalan ya, karebèn rada ngirit lakuku.
  9. Sinaua yèn karo guyon mangsa bisaa klebu.
  10. Dakkumbaha wingi, saiki wis garing.

81