Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/38

Kaca iki wis dikorèksi
  1. Ing mangsa rendheng / para among tani // ngolah / sawahe
    Ing mangsa rendheng = katrangan mangsa
    para among tani = jejer
    ngolah = wasesa
    sawahe = lesan
  2. Saiki/kanca-kancaku// nyelengi / dhuwite / ana BRI.
    Saiki = katrangan mangsa
    kanca-kancaku = jejer
    nyelengi = wasesa
    dhuwite = lesan
    ana BRI = katrangan panggonan
  3. Aku karo adhiku // bola-bali/ngusungi / watu / saka kali.
    Aku karo adhiku = jejer
    bola-bali = katrangan cacah
    ngusungi = wasesa
    watu = lesan
    saka kali = katrangan panggonan
  4. Kanca-kancaku // nglumpukake / dhuwit / kanggo urunan tuku bal.
    Kanca-kancaku = jejer
    nglumpukake = wasesa
    dhuwit = lesan
    kanggo urunan tuku bal = katrangan tujuan
  5. Sarehne udan/aku // golek / godhong gedhang / kanggo payungan.
    Sarehne udan = katrangan karana
    aku = jejer
    golek = wasesa
    godhong gedhang = lesan
    kanggo payungan = katrangan tujuan
  6. Saben Minggu sore / aku // mesthi / nonton / bal-balan/ ana ing setadhion
    Saben Minggu sore = katrangan mangsa
    aku = jejer
    mesthi = katrangan katemtuan

36