Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/57

Kaca iki wis divalidasi


 d. Jakarta, Semarang lan Surabaya iku kutha gedhe.
 e. Umar, Ali lan Sardi iku murid SMP sing sregep banget.
 f. Sarjana iku murid kang sregep, lantip lan alus bebudene.

B. Tembung-tembung pangiket kang mathuk karo ukarane :

  1. Aku iya gelem melu kowe, anggere sekolahku diragadi.
  2. Malinge gelem ngaku, bareng digiri-giri arep dipenthungi.
  3. Barja kuwi kemaki banget, mulane digethingi kanca-kancane.
  4. Kowe kudu gemi setiti, supaya besuk uripmu kepenak.
  5. Darma iku wani rekasa, mulane saiki uripe kepenak.
  6. Manawa kowe disrengeni ibumu, aja pisan-pisan kowe mangsuli.
  7. Indonesia ing tembe dadi nagara kang makmur amarga sugih barang-barang apa bae.
  8. Amir iku anake wong sugih, nanging ora umuk.
  9. Marna arang kekurangan sandhang pangan, jalaran uripe ngati-ati banget.
  10. Supaya kowe enggal lulus, kowe kudu sregep sinau.


C. Ukara nganggo tembung pangiket kang kacithak kandel :

  1. Ing wektu iku aku sinau, adhiku resik-resik kamar, dene ibu mangsak ana pawon.
  2. Gunung Merapi iku wis kagolong dhuwur, ewadene meksa kalah dhuwur karo Gunung Semeru.
  3. Aku iki wis tuwa, suprandene aku isih mempeng marsudi kawruh.
  4. Kanca-kanca sekolah, kanca-kanca bal-balan, apa dene kanca-kanca kampung-padha nekani sukuran anggonku katampa ing SMA I Sala.
  5. Aku diarani sing mecahake kaca, mangka aku teka, kacane wis pecah.
  6. Bocah kelas 3 bae ora bisa nggarap, apa maneh kowe lagi kelas 1.
  7. Kula ngaturi wuninga, bilih benjing dinten Senen ngajeng punika kula nyuwun pamit boten mlebet.
  8. Mbok bilih boten wonten alangan satunggal punapa, benjing dinten Senen tanggal 19-11-1989 punika, kula badhe nyupitaken anak kula jaler ingkang nomer kalih.

55