Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/23

Kaca iki wis divalidasi
  1. — Tekan ngomah Kardi nyelehake tase banjur terus menyang meja dhahar.
    Mapanake lenggah para tamu ana ing pasamuan iku kudu nganggo solah bawa
     kang trapsila anoraga.
    — Aku lagi mrenahake kursi sing arep dilenggahi eyang.

D. Paribasan kang meh padha tegese :

  1. Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong kekurangan dipasrahi dhuwit.
    Wedhus prucul diumbar ing pakacangan = wong kekurangan dituduhake ing
     kamelikan.
  2. Madu balung tanpa isi = pepadon prakara barang sepele.
    Asu arebut balung = pepadon rebutan prakara sepele.
  3. Kejugrugan gunung menyan = nemu kabegjan gedhe.
  4. Kebanjiran segara madu = oleh kabegjan (pangalembana) sing kaluwih-luwih.
  5. Dadia godhong suthik nyuwek = wis emoh sapa
    Dadia banyu suthik nyawuk = wis emoh sapa aruh.
  6. Suwe mijet wohing ranti = samubarang kang gampang banget.
    Timun jinara = samubarang kang gampang banget
  7. Bau kapine = pilih sih (ora adil), ewang-ewangan.
    Emban cindhe emban siladan = pilih sih.
  8. Ambuwang rase nemu kuwuk = nampik marang samubarang kang ala oleh ijol
      sing luwih ala.
    Mburu uceng kelangan deleg = nindakake pagawean
      kang perlu (baku), kasambi nindakake pagawean remeh, wusanane pagawean
      kang perlu (baku) dadi kapiran.
  9. Dhayung oleh kedhung = oleh dalan (srana) sing prayoga.
    Bubuk oleh eleng = duwe niyatala oleh dalan.

21