Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/53

Kaca iki wis divalidasi


Nanang : "Sinten ingkang boten mbedhodhok manahipun ga-
dhah pahlawan kados Patih Gajahmada makaten puni-
ka. Langkung-langkung kula kaliyan sampeyan, ing-
kang kagolong pemudha ingkang kedah nglajengaken
perjuwanganipun para pahlawanipun piyambak, kale-
bet pahlawan Patih Gajahmada."
Nunu : "Inggih makaten punika. Kula kaliyan sampeyan punika
sami kinudang-kudang tiyang sepuh, dadosa pahla-
wan, dadosa pemimpin negara. Kula kaliyan sampeyan
ingkang nggentosi tiyang sepuh nyepeng,bang-bang
pangalum-aluming negari.

.................................................................

(bisa dirampungake dening guru lan murid).

VI. KASUSASTRAN

WULANGAN 9

II. KAWRUH BASA

B. Sinonime tembung-tembung kang kandel panyithake :

  1. palagan = paperangan
    dununge = panggonane
    laladan = tlatah, wewengkon
  2. ndarbeni = nduweni
    ngukuhi = ngugemi, nggegegi
  3. kacetha = katerangake, kagenahake
  4. nenangi = nggugah
  5. prastawa = kadadean
  6. wigati = perlu banget
  7. kacetha = kagenahake
    pepethane = gambar wewujudan
    gugur = seda
    pertempuran = paperangan
  8. rikala = nalika
    pungkasane = wusanane
  9. keplayu = keseser
    diuber = dioyak, dibledig, diburu

51