Kaca:Layang Panantang.pdf/103

Kaca iki wis divalidasi
SURA

I taun anyar sing tanpa swara terompet
 lan kelipe kembang api
 sing ana mung perban putih
 mbuntel perihing ati
 sing tatu ing mangsa labuh ila

II swara sing mrojol ing kupingku
 mung swarane angin sore
 sing ngabarake pedhote rante
 sadurunge rodha panjangka
 gumlindhing tatas nuntasake sesanggeman

III crita sepi wis wancine ditinggal
 ing bang wetan wis katon cahya sumunar
 tandha yekti crita anyar baka] kababar

Ponorogo, 15 Januari 2003

LAYANG PANANTANG

91