Kaca:Layang Panantang.pdf/104

Kaca iki wis divalidasi
EPILOG SORE

wis dak tutup kelire crita
senajan ayak-ayak pamungkas
durung keprungu nyuwara

tanpa guna lakon sore dibacutake
yen jembare ara-ara mung saderma
dadi papan macak kewan galak
awulu domba
nganti sumilire angin
ora wani nggogrogake godhong garing
mung beteke kudu manut
marang swara nunut
sing satemene wis kudu keli
ing ulegane kali
nanging nganti saiki isih diuri-uri

wis dak tutup kelire crita
bali dak bukak mbesuk bareng karo swara
kidung pangruwate sukerta

Ponorogo, September 2004

92

LAYANG PANANTANG