Kaca:Layang Panantang.pdf/106

Kaca iki wis divalidasi
KELUK ROKOK

sawangen keluk rokok sing mumbul menek langit
nggawa reroncenku
sing durung kober dak pulas
mawa werna jingga
parandene wis dadi kabar
sinebar mbok bakul sinambi wara
dadi pawarta mirunggan sadawane dalan

sawangen keluk rokok sing mumbul menek langit
nyangking crita carangan
sing panase ngembari srengenge
gawe garinge oyot-oyot lumut
sing nyoba nintingi werdining urip
ing watu item kebak panganggit

sawangen keluk rokok sing menek langit
ngronce maewu-ewu crita sore
sing durung karuwan kapan tancep kayone

Jakarta, Maret 2006

94

LAYANG PANANTANG