Kaca:Layang Panantang.pdf/107

Kaca iki wis divalidasi
ING WALIKE JILBAB PUTIH

kledhange ayang-ayangmu
mung ninggalake crita sumelang
ora ana sasmita sing bisa dak waca
saka aksara nglegena sing ngrengga wangine
rambutmu
mung saka tapak-tapak sikil sing nyisa ing dalan
sidhatan
ana gatra-gatra cangkriman
sing nyimpen werdine impen kadaradasih

kledhange ayang-ayangmu
mung ninggalake crita sumelang
ora ana sasmita rinonce sing kena dak tintingi
werdine
mung aksara-aksara sandhi sing kececer ana sadawane
trotoar nyimpen wewadi kang kudu kababar

kledhange ayang-ayangmu
mung ninggalake crita sumelang
nganti rembulan tanggal sepisan kelangan esem
ngujiwate
nanging aku percaya
dasih
senajan jangkahmu nyebar gandane kembang telasih
nanging dudu tangis sing kok singitake ing walike
jilbab putih

Jakarta, Maret 2006

LAYANG PANANTANG

95