Kaca:Layang Panantang.pdf/108

Kaca iki wis divalidasi
TATUNING JAMAN

lilanana aku ngonceki tresna
sing gumlethak ing sangisore wit cemara
senajan bumi bengkah tangis kutah
lan abure manuk podhang kedhungsangan kelangan
pencokan nanging apa iya kabeh kudu salin slaga
dadi singa awulu domba ngendelake landheping suing
kekering panguwasa
ngalor ngidul ngronce tembung lelamisan
njaremake tatune jaman?

lilanana aku nintingi tresna
sing sumebar sadawane wedhi putih sadawane pesisir
senajan sumilire angin wis ora nyangking
gendhing-gendhing dolanan nanging apa iya
kabeh kudu tiwikrama wujud denawa
nggadhang dumadine grahanan ngabangake tatune
jaman?

lilanana aku nyangkok winih tresna
sing thukul ing antarane alang-alang ngrangsang
ngelak tumetese banyu udan
sapa ngreti esem ngujiwate kena kanggo nambani
tatune jaman
sing saya suwe katon abang mlerah ngucemake
lembaran sejarah

Jakarta, Maret 2006

96

LAYANG PANANTANG