Kaca:Layang Panantang.pdf/109

Kaca iki wis divalidasi
LAYANG KETIGA

dak kirim layang ketiga werna jingga
marang wangine kuthamu
muga bisa kok mangerteni sambate ati nela
sing ora bakal teles siniram
udan kiriman
pancen seprana-seprene pijer dadi lakon
tutwuri gremete karep sing kala-kala kudu mlaku
lumawan iline banyu

iki sambat-sebut suluk pathet sanga
sing kebacut ajur katindhes wengise crita
senajan ora duwe karep njaluk kawelasan
nanging cukup dadi tengara
yen dalan sidhatan iki
dudu pungkasan kanggo sawijining pangumbaran

Jakarta, Maret 2006

LAYANG PANANTANG

97