Kaca:Layang Panantang.pdf/110

Kaca iki wis divalidasi
AKU NGASO ING KENE

aku ngaso ing kene
sinambi nyawang langit sing meh numpleg
kabotan sanggan
dumadakan ana rasa sing ngajak brontak
nyawang rembulan grahanan tanggal las-lasan
nanging banjur dak peper
rasa perih dak uncalake menyang kali
campur dadi siji karo larahan
lan sisane wong ngumbahi ing ndhuwur kana

aku ngaso ing kene
sinambi nata ati sing rojah rajah
eling laku sing durung antuk
separone dalan

Jakarta, Maret 2006

98

LAYANG PANANTANG