Kaca:Layang Panantang.pdf/111

Kaca iki wis divalidasi
MONOLOG MARET
-indah sari-

rambutmu teles, atiku kekes
nyalami grimis sing mungkasi
mangsa rendheng taun iki
wis ora ana maneh tresna sing kentir
ing ulegane banjir
aku lan kowe
ngadeg dhewe-dhewe
ing sandhuwure lemah bengkah
mung ijone suket sing isih bisa rumaket
nyawiji tumetese bun tumrap ati nela
mangsa ketiga
sedheng rasa kangen wis ilang
kabuncang angin, embuh tibane
ora karuwan kapan baline

Jakarta, Maret 2006

LAYANG PANANTANG

99