Kaca:Layang Panantang.pdf/112

Kaca iki wis divalidasi
JARENE

miturut tembange angin sing ngumandhang
cengkok palaran
jarene wis dumadi owah-owahan ing saben pecak
tindak ing pasrawungan
jarene wis ora ana kemladheyan kang tumumpang ing pang
jarene wis ora ana kawicaksanan sing mban cindhe
mban siladan jarene jarene lan jarene
ah, jebul kabeh mau mung jarene
jarene sing butuh digatekake
jarene sing puguh ngugemi kekarepane
jarene sing ora saguh diganggu gawe

jarene wis dumadi owah-owahan
jarene wis saguh ngugemi tatanan
jarene wis njunjung dhuwur marang kamanungsan
:nyatane kabeh mau mung slogan
sing isih adoh karo kanyatan

Ponorogo, Februari 2005

100

LAYANG PANANTANG