Kaca:Layang Panantang.pdf/113

Kaca iki wis divalidasi
ING SAMBURINE KELIR

swara gamelan wis ngumandhang, dhalang wiwit
janturan
ing mburi pakeliran ana crita carangan
kang lagi bae dikarang dening lintang lan
rembulan

irama gendhing wis ngancik pathet sanga, dhalang
nyandra kasulistyane wara sembadra
ing mburi pakeliran lintang lan rembulan
nembang asmaradana

gunungan kajunjung diobahake munggah mudhun
tancep kayon
ing mburi pakeliran lintang lan rembulan
wus ora katon
ing salembar kertas tilas buntel kacang kang
mentas dianggo lungguhan katon ana tulisan
:"idhe lungit wis kaanggit
crita anyar bakal kababar"

Ponorogo, 21 Oktober 1997

LAYANG PANANTANG

101