Kaca:Layang Panantang.pdf/115

Kaca iki wis divalidasi
PANJURUNG

ora perlu ngrakit tembung-tembung manis
tulisen bae sakabehing pangrasa
nganggo ukara-ukara prasaja
kaya spandhuk sing saben dina
kumlebat ing tengah kutha
awit kabeh wis padha waleh
disemayani nganggo manising janji

ora perlu pamer rupa
sinambi tebah-tebah dhadha
:aku iki lho susuhing cahya
sing sembada madhangi donya

sakabehing tembungmu tiwas mung dadi bumbon
guyon sak enggon-enggon
sebab bocah dolanan ing plataran kae
durung mesthi yen ngenteni rembulan ndadari

luwih becik ngadega bae ing antarane
keblat papat lima pancer
yen pancen jejeg
mesthi bakal dadi adeg-adeg

Ponorogo, Oktober 2004

LAYANG PANANTANG

103