Kaca:Layang Panantang.pdf/117

Kaca iki wis divalidasi
TAPEL WATES
-siswa kinasih-



esuk iki esemmu pecah
kaya kudhup melathi mbabar ganda wangi
kaya pletheking srengenge sumadya ngedum
sunare
awit ombak ing pesisir pelang wis aweh pralambang
yen anggonmu ngangsu kawruh sinambi mesu budi
wis tekan titi purnaning gati
ocehing kepodhang ing wit-witan
melu manembrama njampangi lakune siswa kinasih
kang lulus pendadaran

esuk iki sliramu tumapak ing kene
ing tapel wates
mitra rowang sing sakawit gandhengan tangan
titi mangsa iki kudu sewang-sewangan
ati emoh pisah
nanging sikil kudu tetep jumangkah
kanggo ngoyak jangkaning sejarah
pisah dudu pratandha enteking tresna
iki mung laku murih kelakon sawijining lakon

Panggul, 12 Juni 2009

LAYANG PANANTANG

105