Kaca:Layang Panantang.pdf/119

Kaca iki wis divalidasi
TUGU PAHLAWAN

angen-angenku ngumbara mencok ing tugu pahlawan
nyawang papan gogroge kembang
puluhan taun kepungkur
sing ganda arume isih ngambar nganti seprene

angen-angenku ngumbara mencok ing tugu pahlawan
surabaya katon ngegla dalan-dalan padhet kendharaan
ing kene
awan lan bengi wis ora ana bedane rame gumerite
angkutan ngusung arak-arakan buruh pabrik
kaya lagon lawas semut ireng golek ambeng

saka kadohan dak ungak wengine ketintang
atiku nate perih ing kana
nalika ngrajut bolah sutra werna jingga

angen-angenku ngumbara mencok ing tugu pahlawan
melu dadi seksi yen urip iki patembayan

Surabaya, 26 Oktober 2004

LAYANG PANANTANG

107