Kaca:Layang Panantang.pdf/120

Kaca iki wis divalidasi
GOGROG

yen sesantining urip wis gogrog saka bundhelaning ati
abange lambe mung kari kaya papan iklan
ngumbar ukara sepa kelangan tanja
lakune garing tanpa gantha lan jangka
sing nyisa mung kari jangkah tanpa arah
gumelare donya mung kari nyisa rupa peteng
awit soroting mripat wis katutupan rasa cubriya

gogrog
tembange jaman wis gogrog ajine
cengkok palaran sing jarene panantang
saiki ora luwih saka lagune bocah dolanan
kelangan rembulan

gogrog
tembange jaman wis gogrog
yel-yel sing biyen nuntut dumadine owah-owahan
saiki keprungu blero
:katindhih gendhinge wong golek kalungguhan

Ponorogo, 21 Oktober 2003

108

LAYANG PANANTANG