Kaca:Layang Panantang.pdf/121

Kaca iki wis divalidasi
ING ARA-ARA BAWERA

ing ara-ara bawera iki
mesthine sliramu uga ngelak
kaya sing dak rasakake
mung bedane yen aku wani
nyekel kendhi
sinambi ndhangak nantang langit
nguras banyu udan sakatege
sedheng sliramu anane mung meneng
ngenteni kawelasane bun-bun esuk
sing ajeg tumetes saka godhong lumbu

ing ara-ara bawera iki
mesthine sliramu uga ngelak
kaya sing dak rasakake
mula lilanana dak cecep lathimu
supaya ngelakku lan ngelakmu
bisa ilang bebarengan
jalaran bakal ana rasa anyles
kang bakal rumesep tandhes pulung ati

Jakarta, September 2005

LAYANG PANANTANG

109