Kaca:Layang Panantang.pdf/123

Kaca iki wis divalidasi


SUMONO SANDY ASMORO, terkadhang nganggo jeneng samaran Candra Dyah Pambayun. Alumnus Jurusan Basa lan Sastra Jawa UNESA Surabaya sing lulus taun 2000 iki tulisane kababar ing majalah Panjebar Semangat, Jaya Baya, Moker Sari, Djaka Lodang, Surabaya Post, Bende, lan sapanunggalane. Geguritan lan cerkake kerep menang jroning lomba nulis geguritan lan cerkak ing Surabaya, Malang, lan Yogyakarta.

Sawetara karyane uga kaemot ing antologi bebarengan kayata: Liong Tembang Prapatan (1999), Bandha Pusaka (2001), Kabar Saka Bendulmrisi (2001), Sumunar (2002), Jagade Obah (2003), Duka Atjeh Duka Bersama (2005), Trubus Saka Pang Garing (2005), Malsasa 2005 (2005), Surabaya 714 (2007), lan Senthong (2008). Antologi Romansane sing lagi bae terbit Tembange Wong Kangen.

Sumono Sandy Asmoro lair ing kota reyog, Ponorogo. Kuliah lan simau kasusastran ing kota pahlawan, Surabaya. Nate dadi redaktur majalah Damar Jati, Jakarta. Saiki dadi guru ing SMPN I Panggul, Trenggalek. Aktivis Sanggar Triwida iki uga kerep diundang kanggo maca karyane ing maneka warma acara. Taun 2007 nikah karo Sari Astuti, kenya saka Trenggalek. Taun 2008 anake mbarep lair, diwenehi tenger Lungit Winahyu Lintang Musthika Aji. Alamate desa Bancangan Kecamatan Sambit, Ponorogo, Jawa

Timur. HP 081335305614.

LAYANG PANANTANG

111