Kaca:Layang Panantang.pdf/13

Kaca iki wis divalidasi
BRUBUH

kena bae kowe ngerek gendera panantang
jer sedhela maneh perang brubuh bakal kawiwitan
apa maneh swarane jago kluruk wiwit nggiring
gendhinge wong golek rowang

jagung mangsa janten
wancine wong rebutan kamukten
nanging aja disengguh impen kesoren
yen ing adoh kana
ha na ca ra ka pilih nglegena
tanpa nganggo busana
tinumbang dandan cara kaprajuritan
rebut balung ing pabaratan
yen manut etungan kuna
iki jaman pilih winih, mitra
begjane sing isih bisa
ngilo ing kaca rasa

ireng lan putih mung panjenengan sing pirsa

Ponorogo, pungkasaning taun 2003

LAYANG PANANTANG

1