Kaca:Layang Panantang.pdf/14

Kaca iki wis divalidasi
KITIR

kitir iki
isi panantangku marang wengi
sing kebacut anggone nguja sepi
dolanan swara asu baung nggegirisi

kitir iki
wujud pangundhamanaku marang awang-awang
sing kebacut brangasan
ngrentengi lintang, nguntal rembulan

kitir iki
srana gugatku marang isen-isening jagad
sing pier royokan brekat
tan keguh njaluk ruwat

Ponorogo, 2000

2

LAYANG PANANTANG