Kaca:Layang Panantang.pdf/15

Kaca iki wis divalidasi
GUGAT

aku gugat
menawa ngrembuyunge gadhung
ing pinggir lurung kae kok babat
yen kowe nganggep ledhung-ledhung godhonge
amung kinarya pamikat
iku satemene mung panemumu sing kurang limpat
anggonmu mbedakake antarane kodrat lan wiradat

mendemi?
iku kanggone sing durung nereti
legi, gurih, utawa sepa, pancen kena kanggo
timbangan
nanging dudu ukuran
lan ing kene kang kudu
dipikuwat
satemene dudu ilat, nanging mripat
minangka gendhewaning tekad

yen gadhung kok sengguh gadhungan
aku gugat

gadhung pancen dudu tanduran pethingan
kang kena ditandur ing pot-pot peni
lan kapajang ing meja-meja
kantor
nanging semi saka winih-winih kang
kasimpar
nalika abure bethet nabrak-nabrak

LAYANG PANANTANG

3