Kaca:Layang Panantang.pdf/17

Kaca iki wis divalidasi
NALIKA

gurit iki
lair
nalika wis ora ana kumleyange layang tresna
biru maya-maya kapaes aksara jawa
nalika kidung wengi wis ora diiringi
ngrangine swara gamelan nyendhal ati
nalika ing saben pasamuan wis ora nate dak prangguli
prawan
sunthi nganggo pinjung lan sanggulan

gurit iki lair mbarengi udan ketiga salah mangsa
nalika aku
nalika kowe
nalika dheweke
mlayu mrana-mrene
golek urip dhewe-dhewe

Ponorogo, 7 Mei 2003

LAYANG PANANTANG

5